KEPRIBEN
Budi Harumanto
Jere wong jawa
Ngakune ya wong jawa
Logatte logat jawa
Bocah siki
Pada gagah-gagah
Pada kemayu
Numpak ninja
Ora gelem mlaku
Tapi ora bisa basa
Ora ngerti apa kue krama
Ora bisa maca aksara jawa
Ngomongnge ngoko campur indonesia
Duh gusti tulungi awak sira
Tulung duh tulung
Ben sira manungsa
Bisa nglestarekna adat jawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar